PRANATACARA NGUNDUH MANTU RINGKAS
Assalamu
alaikum wr. wb.
DOA
Para sesepuh dalah pinisepuh ingkang satuhu pono ing
pamawas miwah lebdo ing pitutur luhur, soho ingkang dhahat kinabekten;
Langkung rumiyin sumonggo , tansah ngandhap ngasoraken manah
tumuju keblating panembah, kanthi ngunjukaken pujo hastowo – tuwin puji
hastuti, puji syukur konjuk wonten
ngarsanipun Gusti ingkang maha Agung – ingkang
sampun hambabar sakathahing karohmatan, kaberkahan, taufik, hidayah, sarto
inayahipun ingkang hamawurahan, satemah ing titi wanci dinten puniko - kito
saget pepanggihan, nunggil papan, nunggil swasono , nunggil sedyo, lan nunggil
karso, kanthi winantu ing kawilujengan, bagas kuwarasan tuwin karahayon kalis saking sambikolo , lan uwal saking rubedo, AAMIIN.
Poro rawuh ingkang pinundi, mboten
ateges cumantoko kawulo ngadek wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji
minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ENDRO
SETIAWAN bin BP SUWARJO kalian Raden ajeng Roro INTAN FINNA PUSPITASARI binti
BP ARIFIN
Nuninggih poro pilenggah, runtuting
adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:
- Adicoro
Pambuka
- Atur
pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
- Istirahat
- Penutup
-------------------------------------------------
- Keparengo
panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul
fatihah, Liridloillah--------
- nuninggih
atur pambagyo pinongko pasrah putro temanten, dumateng duto sarono
pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.
Dumateng
panjenengan ipun kaaturaken agunging panuwun
(Shohibul
Bait)
b.
Poro
pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah
ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking
bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak SUWARJO bade matur, amung
kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng
panjengan ipun Bapak DWIYATNO kaaturaken.
Poro rawuh ingkang
tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas
tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten.
4. Candak adicoro selajengipun inggih puniko PANUTUP,
Ananging sak derengipun adicara kito
tutup, kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereaken lampahing
roncening adicoro wiwit awal dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi
kawulo namung tumadah lumebering sih
samudra pangaksami.
Akhirul kalam
Wassaalamu alaikum Wr. Wb
No comments:
Post a Comment