PANAMPI
PASRAH MANTEN NGUNDUH MANTU
Assalamu alaikum wr.wb
(AYAT)
Kepareng matur Panjenenganipun bapa…………………………
sa pengombyong minongko talanging atur saking bapa ibu SAMBYAH sedaya keluargo
ingkang widalem wonten ing Pantog Wetan, Banjaroya Kalibawang ingkang kito
hurmati,
Dumateng para sesepuh, para pinisepuh,
saha para ajisepuh ingkang satuhu kulo bekteni.
Sakderengipun kulo matur Nuhoni dhawuh
pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu (Suyono) ingkang hamengku gati nunin
jih hanampi pasrah temanten kekalih.
Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi
konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT,
karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng
panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan
saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih
alangan setunggal menapa.
Shalawat soho salam mugi tansah lumintu
lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula
panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan
antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Purwakaning
atur, Bp/Ibu (Suyono) soho kulowargo
ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan bapa…………………………
sakrombongan minongko talanging atur sangking panjenenganipun bapa ibu SAMBYAH sekalian,
ingkang sak lajengipun atur salam taklim sangking bapa ………………………….. minongko
talanging atur sangking panjenenganipun bapa ibu SAMBYAH kulo tampi,
saklajengpun mboten katalumpen bapa ibu SUYONO ugi ngaturaken salam taklim konjuk dumateng bapa
Ibu SAMBYAH lumantar bapa…………………….. Atur saklajengipun bilih atur pasrah
panyowanaken putra temanten ingkang asesilih Rara Ayu (LINDA MULYANINGSIH) soho
dhauipun bagus (ERI RISTANTO) sampun kalampahan ijab qobul kala wingi dinten
JUM’AT WAGE nyarengi surya kaping 4 Desember 2020 titiwanci kirang langkung
tabuh 08.00 kanthi satataning agami lan nagari
wonten ing KUA Kapanewon Kaibawang, kanthi wilujeng mboten wonten
alangan setunggal menapa.
Ingkang lajengipun kawulo tampi pasrah
panjenengan kanti asta kekalih saklajengipun
badhe kulo aturaken dumateng panjenenganipun bapa ibu SUYONO sekeluargo.
Dumateng panjenenganipun bapa………………………………. Sakrombongan Mbok bilih
wonten pahargyan ing ri kalenggahan meniko
sampun paripurno badhe nyuwun pamit,panjenenganipun bapa ibu SUYONO, mboten
kuwawi mambengi, namung dherek doa pangestu mugi mugi anggenipun saksampunipun
waangsul sakiing pahargyan meniko dumugi ndalem tansah pinanggeh rahayu
wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo.
Ing wasana, kula pribadhi ingkang
tinanggenah minangka talanging atur hanampi pasrah lan sampun kumawani tilar
subasita, lan cupeting atur keparenga nyuwun gunging samudro pangaksami.
Wusoning atur
wassalamu’alaikum
wr.wb.
No comments:
Post a Comment