Tuesday, August 17, 2021

PASRAH PENGANTEN BAR IJAB BAHASA JAWA

 

PASRAH PENGANTEN BAR IJAB


Assalamu’alaikum wr wb,

-------------------DOA------------------------------------------

Kanthi linambaran sedyo tulusing manah sinartan lebdo luhuring budi, mugi-mugi karaharjan sarto katentreman tansah kajiwo kasaliro dhumateng kulo dalah panjenengan waradin sagung dumadi,  Nuwun  , mugi kapareng munjuk atur dhumateng sagung poro rawuh, langkung rumiyin dhumateng panjenenganipun :

Para sesepuh  dalah pinisepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur luhur, soho ingkang dhahat kinabekten;

Poro pangemban pangembating projo dalah satriyaning nagari  , minongko pandam, pandom, keblat, sarto panutaning  poro kawulo dasih,  ingkang satuhu tinulat sinudarsono;

Al Mukaromin Poro  alim poro ulama, ingkang tansah dipun mulyaaken lan dipun Rahmati dening Allah SWT,

Dhumateng panjenenganipun Bapak/ibu Besan, nuwun inggih Bp. MARYANTO sekaliyan, sumrambah sagung gotrah keluargo ingkang winantun ing pakurmatan;

Sagung para rawuh kakung sumawana putri, ingkang tansah  kaluberan robing samudro yuwono basuki saha ingkang tansah tinangsulan talining pasedherekan;

Langkung rumiyin  sumonggo , tansah ngandhap ngasoraken manah tumuju keblating panembah, kanthi ngunjukaken pujo hastowo – tuwin puji hastuti, puji syukur  konjuk wonten ngarsanipun  Gusti ingkang maha Agung – ingkang sampun hambabar sakathahing karohmatan, kaberkahan, taufik, hidayah, sarto inayahipun ingkang hamawurahan, satemah ing titi wanci dinten puniko - kito saget pepanggihan, nunggil papan, nunggil swasono , nunggil sedyo, lan nunggil karso, kanthi winantu ing kawilujengan, bagas kuwarasan tuwin  karahayon kalis saking sambikolo , lan  uwal saking rubedo, Saklajengipun mugi linepatno saking deduko soho tinebihno saking sakliring sesendu,

 

-----------------------Sholatulloh wasalamuhu……

Saklajengipun kulo cumanthoko, kumo lancang ngadek sakwetawis wonten ngarso handiko poro rawuh sami,  nuwun inggih karono hamradhopo sarto minangkani  kaparengipun kadang kulo sepuh,  nuwun inggih panjenenganipun Bp. SUBANDI sekaliyan garwo lan brayat keluwargo, saking. Padukuhan Balak Kalurahan Pendoworejo.

 Kulo minongko talanging boso saking keluwargo Bp. SUBANDI ingkang Kaping sepisan sowan kulo kinen hangaturaken SALAM TAKLIM sarto SALAM SILATUROHIM, mugi katur dhumateng Bp/Ibu besan, minggahipun  sagung poro pinisepuh, sumrambah brayat keluargo lan sagung poro rawuh sedoyo ,

 Wondene minongko wosing wigatos, lampah sarto sowan kulo sak keluwargo kinen hamasrahaken pinanganten kakung, nuwun inggih nak mas ADE CANDRA PRANATA putro kinasih saking kadang kulo sepuh nuwun inggih Bp. SUBANDI  dalah Ibu SUPARTINAH, Awit saking donga pamujinipun sagung poro pinisepuh, keluargo sarto poro rawuh sedoyo , Alhamdulillah Putro penganten sekaliayan sampun  nindakaken akad nikah/ijab qobul, sampun kaleksanan nat kolo wau dinten MINGGU PAHING, suryo kaping 25 JULI 2021 wanti Tabuh ± 08.00   mapan wonten ing Padukuhan Jurang, Banjarharjo, Kalibawang kanthi gancar, gangsar lan lancar tanpo manggih pamebengan setunggal punopo. 

Wonten ing titi wanci dinten puniko putro pinanganten kakung  kulo aturaken asto kalih lan sakwetahipun,  mugi-mugi katampi kanti suko renaning penggalih ,

 #hananging tartemtu ndadosaken kuciwaning penggalih keluargo Bp/ibu besan sumrambahing sagung keluawargo ing mriki, sakawit pasrahing pinanganten kakung babar pisan mboten dipun kantheni ubo rampe ingkang awujud gebyaring  bondho prabeo ,anamung awujud badan sepoto, bebasan legeh sengkleh, glundhung suling, pangawak saklombo.

 Njangkepi pasrahing pinanganten kakung saking kadang kulo sepuh Bp. SUBANDI soho Ibu NUR CHASANAH kito  aturaken ugi uba rampe awujud jajanan pasar soho sak wontenipun.

#Soho gandeng Nak Mas Ayu……………………….. tasih gadah simbah pramilo niki kito aturke pepesing.

 Mugi-mugi saget katampi, lan ndadosaken berkah paseduluran antawisipun kulawarga Bp. MARYANTO lan kulawarga Bp SUBANDI Amin.

Saklajengipun ugi perlu kawuningan, bilih putro penganten kakung tasih kothong ing seserepan, cubluk ing pangertosan sarto dereng buntas babagan pengalaman  punopo ke mawon,   Kanthi puniko pinanganten kakung sumonggo sakwetahipun kulo aturaken dhumateng Bp/Ibu besan minggahing poro sesepuh ing mriki ,  mugi kapareng paring wewarah, pitedah,wulang wuruk sarto panggulo wenthah  kangge sesuluh sarto sanguning gesang,  supados nak ADE CANDRA PARANATA saget nindakkaken wajibing gesang wonten ing alam bebrayan kanti leres, laras, lan ing tembe saget mangertos dhumateng tatanan, tuntunan, sarto paugeran tumpraping keluwargo, bebrayan agung , minggahing paugeran tumpraping nagari sarto agami.

 Ingkang pungkasan, kulo nyuwun sawabing pandongo sarto jurung pamuji dhumateng sagung poro pinisepuh lan poro rawuh sedoyo, mugi-mugi ing sakmangke penganten kekalih saget renteng-renteng, runtung-runtung hareruntungan, kados mimi lan mintuno, lan saget kawujud setunggiling keluwargo ingkang sakinah, mawadah, warohmah, lan dadoso jodho ingkang amanah lan pikantuk barokah saking ngarsaning Gusti ingkang moho Mirah. Amin .

Saklajengipun,  hambok bilih adicara wonten wekdal meniko samangkeh sampun rampit paripurno kulo sakrombongan badhe nyuwun pamit, mugi mugi kulo sakrombongan budal saking mriki dumugi papan pendoworejo kanti lancar mboten manggihi alangan setunggal punopo , Aamiin,

 #Soho  Panyuwunuipun kadang sepuh kulo bapa SUBANDI,  pinanganten sakembaran dipun boyong mbnjang dinten Senin Pahing Suryo Kaping …………………………………………….. wonten Pendoworejo, pramilo Bapa Besan ……………………… gotrah keluarga, kerso o andumugekaken. Nuwun.

 Makaten ingkang saget kulo aturaken, purwo madyo wasono hambok menawi wonten cewet cacating boso, galap gangsuling ukoro, sarto wonten kithaling tembang-tembung sarto kiranging toto trapsilo,  mboten namung kulo minongko wakil saking keluawro Bp. SUBANDI nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami ingkang mawantu-wantu.

Bilahittaufik wal Hidayah

Wassalamu’alaikum Wr Wb


No comments:

Post a Comment