Tuesday, August 17, 2021

PAMBAGYIO HARJO ING SRIPAH/LELAYU/ LAYON BAHASA JAWA

 PAMBAGYIO HARJO ING SRIPAH


ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB.

Kawilujengan, katentreman, mugi tansah kajiwo kasarira dumateng kulo dalasan panjenengan sedaya, awit keusaning Gusti Ingkang Maha Mirah soho Agung Alloh SWT, aamiin.

 Para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepoyaning kautaman ingkang satuhu pinundisoho kinabekten.

 # Para pangemban-pangembating praja, satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawulo dasih linangkung kunjuk panjenenganipun Pj. Lurah pendoworejo soho sedaya pamong kalurahan ingkang pantes cinaosan sagunging pakurmatan.

 Para pembela sungkawa kakung miwah putri ingkang mboten saget kaaturaken pusaka asmo tuwin kalenggahanipun ingkang pantes sinudarsana.

Madyaning dhukita ing wekdal puniko kulo piniji dening kulawarga Ibu Suratmi sumrambah sedaya putra wayah supados ngaturaken pambagyaharja saha pamitan dumateng roh arwahipun alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   ingkang sampun sowan ing ngayunaning Pangeran.

Para pembela sungkawa ingkang kinurmatan , minangka purwakaning atur sumangga sesarengan munjukaken puja puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang maha kuwaos nun inggih Alloh SWT ingkang tansah paring karohmatan lan kanikmatan dumateng kulo dalasan panjenengan sedaya saengga ing ari klenggahan meniko taksih dipun kaparengaken nyawiji wonten papan meniko. Saperlu takziyah soho nelakaken raos belo sungkowo awit sampun kapundutipun almh. alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   kanthi manggih rahayu wilujeng nir ing sambikala.

Bapak ibu para pambela sungkawa ingkang winantu ing suka basuki, panjenenganipun Ibu Komirah,  sumrambah sedaya keluarga panandhang mbok bilih kepara radi randat hangambali matur sugeng rawuh miwah ngaturaken panuwun ing tanpa pepindan, menggah karawuhan panjenengan sedaya tandha yekti nedhahaken raos sih katresnan ingkang mboten ginambaraken ing mriki lan ugi saget paring panglipur sawetawis dumateng sedaya keluarga ingkang nembe nampi pacoban kapedotan katresnan ingkang sa lami – laminipun awit kapundhutipun alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi .

Wigatosing ganti ing madyaning dhukita wekdal punika, perlu kulo aturaken nadyan panjenengan sedaya sampun pikantuk kintaka layu miwah pawartos ingkang binandunging karna, parandene wekdal punika kulo aturaken wonten ngarsa panjenengan sedaya.

Caos uninga bilih alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   kapundhut wangsul sowan wonten ngarsanipun Alloh SWT nalika dinten meniko KAMIS PON   surya kaping  07  wulan  JANUARI   warsa  2021  wanci tabuh wau sonten jam 03.45 wib. Kanti lantaran gerah sepuh sawatawis wekdal wonten Ndalem.

Sedaya keluarga sampun mboten kirang-kirang angenipun mbudi daya kupiya usada ngantos kaliwat bebasan ateken janggut suku jaja,

# wonten saking keluarga panandang nggih gadah nadzar mbok bilih Bp. Darmo Sugito pas sugengipun saget kaparingan Dangan badhe ………………saking Ibu Suratmi

ewa semanten alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   mboten saget pinaringan waluya jati, jati temahaning waluyu sedaya wirodat mboten kuwawi ngungkuli panguwaosing kodrat, manungsa namung saget  damel pestha pesthi wonten ngarsanipun, pramila kanthi atur makaten 

# mugi mugi ingkang dados nadzar saget lebar luwar wonten wekdal meniko soho 

sedaya keluarga namung saget pasrah saha nampi pacoban meniko kanthi atur “innalillahi wainna ilaihi roji’un” sedaya ingkang tumitah wonten ing alam praja punika saking kuwaosipun Gusti ALLOH SWT lan temtu badhe kondor ugi wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Bapak ibu para pambela sungkawa ingkang kinurmatan , dumugi tinimbalanipun alm, bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   kaparingan yuswa 80  th, kanthi anilaraken garwo,   putra 5  kakung 3 putri 2 (wayah …………..   buyut.......). 80 th laminipun alm.  Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   sesrawungan  bebrayan wonten madyaning masyarakat, hambok bilih srawungipun limrah saha sae ananging alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   namung jalmi limrah titah sawantah ingkang mboten saget tebih saha uwal saking dasa lan kalepatan dumateng sasami-sami, ingkang menika gegandhengan sampun wangsul sowan ing pangayunanning pangeran ing wekdal menika kasuwunaken pamit saha nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kalepatan nalika srawung wonten ing alam praja menika. Saengga pangapunten panjenenganipun sedaya saget angenteng enthengaken pisowanipun, saengga kaparingan lepas paranipun jembar kuburipun Insya Alloh mugi sedha kanthi khusnul khotimah. Aamiin.

Lan mbok bilih kosok wangsulipun para pambela sungkawa ugi kagungan kalepatan dumateng alm.  Mugi-mugi ing wekdal menika saget lebur kanthi keparengipun ALLOH SWT.

Bapak ibu pambela sungkawa ingkang minulyo, mbok bilih rikola sugengipun alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   anggadahi sambut kapi samput hak adam ingkang mboten kepareng saraking agami dumateng para pambela sungkawa, mbok bilih sampun kepareng angeklasaken sedaya ahli waris ngaturaken agunging panuwun, ananging manawi dereng wonten kepareng iklasaken , kasuwun enggal sesambetan kaliyan keluarga saha ahli waris saperlu badhe enggal-enggal dipun rampungaken.

Perlu kauningana bilih alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi  badhe kasarekaken ing makam senongko  wonten ing padukuhan  kepek , pendoworejo, ingkang tebihipun saking papan menika kirang langkung 300  meter. Ingkang menika menawi wonten keparingipun dumateng bapak ibu para pambela sungkawa kersa anyampurnaaken angenipun takziah dumugi ing makam, ananging mbok bilik kapambeng kawigatosan sanes ingkang mboten saget tinilar lan ngersakaken kondhur saking keluarga namung ngaturaken agunging panuwun mbok bilih badhe kondhur ndherekaken sugeng tindak sugeng kondhur rahayu ingkang sami pinanggih.

Bapak ibu para pambela sungkawa ingkang minantu ing suka basuki panjenenganipun Ibu Suratmi lan ugi sedaya keluarga ngaturaken agunging panuwun dumateng para sanak kadang, tonggo tepaleh, mitra karuh, mitra pitepangan linangkung para pambela sungkawa ingkang sampun paring pambiyantu ingkang arupi suku, bahu, bondho prabeyo, iguh partikel lan panggalihan saengga saget damel rancaking pangruktining laya. Saestu sadaya keluarga panandhang mboten saget caos piwales menopo – nopo dumateng panjenengan sedaya, namung ndedepi nyuwun wonten ngarsanipun Alloh SWT mugi-mugi sedaya dados amal kesahenan panjenengan sedaya lan mugi pikanthok ganjaran ingkang ma tumpo tumpo.

Salajengipun awit kapurba saking kawontenan saking sedaya keluarga panandhang. Salebetipun nampi rawuh panjenengan sedaya angenipun caos papan palenggahan lan ugi samudayanipun kirang gupuh kirang jumbuh kalian kalenggahan panjenengan sedaya awit sedaya kekirangan lan kalepatan sedaya keluarga namung nyadong dheduka nyuwun agunging samudra pangaksami.

 Para takziah kakung putri ingkang kinurmatan awit nami saking pemerintah Kalurahan pendoworejo lan ugi sedaya lembaga Kalurahan pendoworejo ngaturaken ndherek bela sungkawa ingkang salebet-lebetipun, mugi-mugi roh arwahipun alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi  tinampi wonten ngarsanipun Alloh SWT, dipun apunten sedaya dosa lan kalepatanipun tinampi sedaya amal kesaenanipun mugi-mugi kaparingan papan ingkang langkung prayogi tinimbang rikola sugengipun, mugi-mugi sedaya keluarga ingkang tinilar tansah kaparingan katabahan lan kekiyatan.

 # Wondene kersane ingkang kagungan dalem ingkang nandang sungkawa para takziah  pun suwuni bantuan maos kalimah puji lan dzikir Wiwit mangkeh ndalu dumugi 7 dinten ipun

 

 Mekaten ingkang dados aturipun Ibu Suratmi  ingkang lumantaran kulo, lan mbok bilih angen kulo matur wonten ngarsanipun bapak ibu para pambela sungkawa kirang nuju prana kapara damel sengkel saha runtiking penggalih kulo tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.

 

Minangka panutuping atur

Bilahittaufiq wal hidayah

WASSALAMU’ALAIKUM WR. WB.


No comments:

Post a Comment