ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN
Matur suwun Saking
wekdalipun saking pranata acara
Doa
Dhumateng sesepuh
pinisepuh ajisepuh ingkang satuhu kinormatan.
Dumateng bapak bapak rombongan
khususipun bapak wagiyo sakmeniko wakilipun saking keluarga Alm. Bapak Slamet
utawi Wakil saking mas sihanto saking padukuhan muten ingkang kito hurmati
Dumateng shohibul bait
bapak subandi sekeluarga ingkang kito hurmati ugi
Wonten kesempatan ingkang sae
puniko monggo kito mboten kesupen ngunjukaken raos pujo puji syukur kito wonten
ngarso dalem Alloh SWT ingkang tansah paring mapinten pinten kenikmatan ingkang
arupi kasarasan kawilujengan taufik hidayah soho inayahipun sehinggo kulo lan
panjenengan sedaya saget bermuajahah bil wujuh kanti pinaringan mboten manggih
alangan setunggal menopo, monggo kita ikraraken kanti waosan tahmid kulo
dherekaken.
Sholatulloh wasalamuhu mugi tansah kaparingaken dumateng panutan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kito adhang adhang syafa’atipun lan ugi ingkang badhe nyafa’ati dumateng kulo lan panjenengan sedaya mbnjang wonten ing yaumul qiyamah, Aamiin.
Kula
ing mriki minangkani saking panjenenganipun bapak subandi sekeluarga.
Minangka
purwakaning, kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah saha ndherek memuji rahayu maring Gusti Allah
ingkang Maha Mirah, awit karawuhan panjenengan sedaya sampun kasembadhan ing
karya tinebehna pringga bayaning marga.
Sanget katampi
kanthi bingahing manah, atur salam taklim panjenenganipun Bapak..( ..................................) sekalian ingkang
lumantar panjenengan kalawau, ingkang saklajengipun dumawah sami-sami.
Saklajengipun.
Wondene atur pasrah awujud ( ................................. ) dinggeh sarana peningset, tanda katresnan soho tanda sampun manteb, katampi
kanthi suka bingahing manah.
Ing samangke badhe kula aturaken dumateng Mbak
desi Indah safitri lumantar bapak Subandi.
Saha hambok bileh
mangke sampun dumugi titiwancinipun saha sampun samapta ing samudayanipun,
Dimas bagus.. (Sihanto) badhe
kaijabpakaen saha kapanggihaken miturut satataning agami lan adat widi widana
ing laladan ngriki .
Kanthi mekaten ugi ngaturi uninga mugi
panjenengan sedaya kanthi suka lilaning penggalih hanjenengi saha paring
pudyastuti murih rahayuning sedya.
Amung semanten atur
panampi saking Bapak Subandi ingkang lumantar kula.
Menawi
wonten kuciwaning tatakrami, anggenipun hanampi menggah ing karawuhan
panjenengan sami, lumantar kula panjenenganipun Bapak Subandi sekeluarga nyuwun
agunging pangapunten.
Semanten
ugi kula pribadi minangka talanging atur hambok bileh wonten kiranging basa,
sastra miwah tata krama, kupat janure klapa. Menawi lepat nyuwun pangaksama.
Wabilahi taufik wal
hidayah,
Wassalamu'alaikum Wr
Wb.
Nuwun.
Wekdal kulo kundur aken dumateng pranata acara,
No comments:
Post a Comment