PASRAH PENGANTEN KAKUNG BADHE IJAB
Assalamu’alaikum Warohmatullohi
Wabarokatuh
------------------------DOA-----------------------------------------
Nuwun, Kepareng matur dhumateng sagung
poro rawuh,
- Langkung rumiyin dhumateng ngarsanipun poro
pinisepuh dalah poro sesepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing
pitutur, soho ingkang dhahat kinabekten;
- Poro pangemban pangembating projo dalah
satriyaning nagari minongko pandam - pandoming poro kawulo dasih, soho ingkang
tansah tinulat sinudarsono;
- Dumateng Bapa Penghulu
Bapa Kepala KUA Kapanewon Kalibawang Bapa …………………..ingkang dhahat kinabekten.
- Dhumateng Keluargo calon besan Nuwun
inggih panjenenganipun –Bp. MARYANTO sekaliyan garwo, tuwin poro gotrah keluargo
ingkang dhahat kinurmatan
- Sumrambah dhumateng sagung poro adi
lenggah , lan poro rawuh kakung sumawono putri ingkang mboten saget
kapiji-piji, ingkang tansah tinangsulan talining pasedhere-an.
Sumonggo kito tansah ngagungaken asmaning
Pangeran , kanthi ngunjuaken pujo lan puji syukur wonten ngarsanipun Gusti
ingkang Moho Agung ( Allah SWT ) ingkang sampun paring sakathahing kaberkahan,
karohmatan lan kawilujengan dhumateng kito sedoyo, sa henggo ing dinten puniko
kito saget pepanggihan , lan kulo sekeluargo saget sowan wonten ing wekdal
meniko kanthi wilujeng tanpo manggih alangan setunggal punopo,
------------------Sholatulloh
wasalamuhu---------------------
Saklajengipun , kulo kumowantun matur
wonten ngarsanipun sagung poro rawauh, minongko jejering sesulih saking
aturipun kadang kulo Sepuh, nuwun inggih bapak “ SUBANDI sekaliyan garwo ‘
saking Padukuhan Balak, Kalurahan Pendoworejo, Kapanewon Girimulyo dalah sedoyo
brayat keluargo ingkang ndherek sowan wonten ing pahargyan mriki .
Ingkang sepisan, kulo sekeluargo ngaturaken silaturohmi soho salam taklim mugi katur dhumateng poro pinisepuh lan bapak / ibu calon besan, sumrambah dhumateng sagung poro rawuh sedoyo.
Kaping kalih , sowan kulo anamung badhe
hamasrahaken Calon pinanganten kakung nun inggih Nak Mas “ ADE CANDRA PRANATA “
kaleres putro saking Bapak SUBANDI , mugi keparengo “Bapak MARYANTO kersoho
handhaupaken kaliyan ingkang Putri Kinasih ingkang sesilih Nak mas ayu “ ESTI
NURLI YANI”.
#Njangkepi pasrahing calon pinanganten kakung saking kadang kulo sepuh Bp. SUBANDI soho Ibu ugi kito aturaken Arta ………………………. tegesipun kangge urun Srakah pahargyan meniko soho mas kawin saking Nak mas Eri Ristanto awujud kalpika ……………………… gram.
#Soho kito aturaken ………………………….. tegesipun kangge PELUMPAT gandeng Nak Mas Ayu LINDA MULYANINGSIH tasih gadah Kakak.
#Soho kito aturaken …………………………..
tegesipun kangge PEPESING gandeng Nak Mas Ayu ESTI NURLI YANI tasih gadah Simbah.
Kejawi saking puniko ugi nyuwun pangestu
dhumateng poro pinisepuh lan sedoyo poro rawuh , mugi-mugi sak paripurnaning
akad nikah, putro penganten kekalih tansah pikantuk kawilujengan tuwin
karahayon, sahinggo anggenipun badhe lumampah wonten ing gesang bebrayan saget
dadoso jodho ingkang langgeng, bagyo mulyo, tentrem gesangipun, wilujeng donyo
lan aheratipun;Aamiin.
Wassalamualaikum
Wr. Wb , Nuwun
NB : TANDA # TEGESIPUN DIBACA MENYESUAIKAN KONDISI
No comments:
Post a Comment