PAMBAGYO HARJO MANTEN KAKUNG/ PUTRI
Assalamu alaikum wr.wb
(AYAT)
Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh, saha
para ajisepuh ingkang tansah hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen.
Panjenenganipun para ‘Alim,’Ulama,ingkang rinten dalu
tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah,
Panjenenganipun Almukarom Kyai Abdurrahman ingkang kito
tenggo tenggo mauidloh Khasanahipun
Poro pangemban
pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih
ingkang satuhu pantes sinudarsana.
Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung
sumawana putri, saha para kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah
winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang
pengombyong temanten kakung/putri saking (Sentolo) ingkang tuhu pantes
sinuba sagunging pakurmatan.
Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi
konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT,
karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng
panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan
saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih
alangan setunggal menapa.
Shalawat soho salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang
satuhu pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking
panjenenganipun Bp/Ibu (Suyono) ingkang hamengku gati. Lajeng kawulo kumawani
nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken
prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika.
Purwakaning atur, Bp/Ibu (Suyono) soho kulowargo ngaturaken salam taklim Asalamu
alaikum waroh matullahi wabarokatuh.
Bp/ibu (Suyono)
ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging
panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani
menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna
amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang
matikel-tikel. Allahumma amin.
Ing panginten, sedaya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang :
asesilih Rara Ayu (ESTRI BAGUS SETIYANI)
atmojonipun bpk (SUYONO) engkang kadaup dening bagus (………………………) putra
saliranipun Bpk (……………………………) ingkang pidalem wonten ing wewengkon SENTOLO.
Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu
kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken
dhuk kalawau/kalawingi ( enjing/sonten/dalu) : nuwun inggih
dinten SENEN nyarengi surya kaping 3
AGUSTUS 2020 titiwanci kirang langkung tabuh 09.00 kanthi satataning agami lan
nagari, kanthi sineksen dening para sanak kadang. Minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing
tlatah BALAK PENDOWOREJO kanthi manggih wilujeng mboten wonten alangan
setunggal menapa.
Para rawuh para
pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu SUYONO gotrah kulawarga ngaturaken
panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman
ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga
ngriki,
ingkang sedaya kalawau tondhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu SUYONO mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau. Allahumma Aamiin.
Para rawuh para
pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri.
Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu SUYONO anggenipun angrantam,
angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa
kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu SUYONO sakulawarga
namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, ingkang samya
mbangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sedaya para rawuh mugi
keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun
sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang
ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, wiwit
kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang
sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang
soleh solihah. Allahumma Aamiin.
Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp SUYONO sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbok bilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya.
Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu
luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu SUYONO gotrah kulawarga,
keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci
purnaning pahargyan ing siang/dalu menika.
Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, lan cupeting atur keparenga nyuwun gunging samudro pangaksami.
Wusoning atur
wassalamu’alaikum wr.wb.
No comments:
Post a Comment