Monday, August 30, 2021

PENARIKAN KKN UIN SUNAN KALIJAGA YOGYAKARTA ANGKATAN 192 KELOMPOK 105 PADUKUHAN BALAK

 PENARIKAN KKN  UIN SUNAN KALIJAGA YOGYAKARTA ANGKATAN 192 KELOMPOK 105 

PADUKUHAN BALAK




SEKUNIR BALAK - (30/08/2021) - ALHAMDULILLAH KEGIATAN PENGABDIAN KKN UIN SUNAN KALIJAGA YOGYAKARTA ANGAKATAN 192 KELOMPOK 105 DI PADUKUHAN BALAK BERJALAN DENGAN LANCAR DIMULAI TANGGAL 12 JUNI 2021 - 30 AGUSTUS 2021, SEMOGA ILMU YANG DIDAPATKAN SELAMA PENGABDIAN MASYARAKAT BISA BERMANFAAT BAIK BAGI MAS MBAK KKN, CIVITAS UIN SUNAN KALIJAGA YOGYAKARTA DAN DARI MASYARAKAT PADUKUHAN BALAK,


SEMOGA KERJASAMA ANTARA CIVITAS UIN YOGYAKARTA DAN PADUKUHAN BALAK BISA BERLANJUT, AAMIIN


Tuesday, August 24, 2021

MUSREMBANG KALURAHAN PENDOWOREJO TAHUN 2021

 MUSREMBANG KALURAHAN 

PENDOWOREJO TAHUN 2021




BALAI PENDOWOREJO - (25/08/2021) ACARA MUSYAWARAH RENCANA PEMBANGUNAN KALURAHAN PENDOWOREJO DI BALAI DESA PENDOWOREJO ALHAMDULILLAH BERJALAN DENGAN LANCAR, DENGAN HASIL :

RKP TAHUN 2022  APBDES (Prioritas)

Fisik 
  1. Rabat beton kepek
  2. Rabat beton jalan Ngroto dan blumbang
  3. Rabat beton muten
  4. Talud dan rabat beton nglengkeh
  5. Talud dan gorong gorong kombang/tempel
  6. Talud ngrancah
  7. Drainase dan gorong gorong tileng
  8. Dan seterusnya sifatnya tambahan
Non fisik
  1. Pengisian Dukuh Kepek, Ngrancah, Kalisonggo, Kalingiwo
  2. Kegiatan Pelatihan ekonomi Kreatif
  3. Pencegahan dan Penanganan Stunting
  4. Kegiatan Paud dan Posyandu
  5. Penyertaan modal BUMDES
  6. Kegiatan lembaga kalurahan
  7. Pemutakhiran Sdgs

Monday, August 23, 2021

LAPORAN KAS PADUKUHAN BALAK BULAN JULI TAHUN 2021

 LAPORAN KAS PADUKUHAN BALAK 

BULAN JULI TAHUN 2021





DILAPORKAN OLEH LKMD DAN JAGA WARGA , SEMOGA BERMANFAAT,


MONGGO BAPAK IBU PEMBACA, BAGI YANG KELEBIHAN REJEKI BISA DISISIHKAN UNTUK PEMASUKAN DANA SOSIAL PADUKUHAN KAMI,

PENGGUNAAN DANA SOSIAL KAMI , YAITU UNTUK :

1. DANA SOSIAL KEMATIAN

2. DANA SOSIAL BENCANA ALAM, KERUSAKAN RUMAH TERKENA TANAH LONGSOR ATAU POHON TUMBANG

3. DAN DANA SOSIAL COVID, BAGI WARGA YANG MENJALANKAN ISOMAN DIRUMAH


BILAMANA BERKEINGINAN MEMBERIKAN DONASI, BISA KONTAK NOMOR HP DIBAWAH INI.



0812 2707 5996 (DUKUH BALAK)

MUHAMAD ARIFIN


SEMOGA ALLOH TUHAN YME MEMUDAHKAN NIAT BAIK DONATUR DAN SEMOGA SEGALA KEINGINAN HAJAT DIMUDAHKAN OLEH ALLOH TUHAN YME,

AAMIIN.


LAPORAN PENGGUNAAN DANA SOSIAL 

SETIAP LAPAN SEKALI ATAU SEKITAR 35 HARI SEKALI.

Tuesday, August 17, 2021

ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN BAHASA JAWA

 ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN


Matur suwun Saking wekdalipun saking pranata acara

 Assalamualaikum Wr Wb.

Doa

     Dhumateng sesepuh pinisepuh ajisepuh ingkang satuhu kinormatan.

Dumateng bapak bapak rombongan khususipun bapak wagiyo sakmeniko wakilipun saking keluarga Alm. Bapak Slamet utawi Wakil saking mas sihanto saking padukuhan muten ingkang kito hurmati

Dumateng shohibul bait bapak subandi sekeluarga ingkang kito hurmati ugi

                Wonten kesempatan ingkang sae puniko monggo kito mboten kesupen ngunjukaken raos pujo puji syukur kito wonten ngarso dalem Alloh SWT ingkang tansah paring mapinten pinten kenikmatan ingkang arupi kasarasan kawilujengan taufik hidayah soho inayahipun sehinggo kulo lan panjenengan sedaya saget bermuajahah bil wujuh kanti pinaringan mboten manggih alangan setunggal menopo, monggo kita ikraraken kanti waosan tahmid kulo dherekaken.

                Sholatulloh wasalamuhu mugi tansah kaparingaken dumateng panutan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kito adhang adhang syafa’atipun lan ugi ingkang badhe nyafa’ati dumateng kulo lan panjenengan sedaya mbnjang wonten ing yaumul qiyamah, Aamiin.

Kula ing mriki minangkani saking panjenenganipun bapak subandi sekeluarga.

Minangka purwakaning, kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah  saha ndherek memuji rahayu maring Gusti Allah ingkang Maha Mirah, awit karawuhan panjenengan sedaya sampun kasembadhan ing karya tinebehna pringga bayaning marga.

      Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim panjenenganipun Bapak..( ..................................) sekalian ingkang lumantar panjenengan kalawau, ingkang saklajengipun dumawah sami-sami.

 Saklajengipun sak derange kulo matur panampi kulo badhe nyuwun pirsa rumiyin, niki mas Sihanto kaleh Mbak Desi sampun podho geleme (tresna) to nggih, mboten wonten paksaan kaleh sinten mawon? Sampun sami sami mangertos status ipun saking mbak Desi lan mas Sihanto Piyambak menopo dene saking Pihak keluarga. Nggeh Alhamdulillah dados sampun sami padhange.

Saklajengipun.

Wondene atur pasrah awujud ( ................................. ) dinggeh sarana peningset, tanda katresnan soho tanda sampun manteb, katampi kanthi suka bingahing manah.

Ing samangke badhe kula aturaken dumateng Mbak desi Indah safitri lumantar bapak Subandi.

Panjenenganipun Bapak Subandi lumantar kula namung saget ngaturaken gunging panuwun, mugi sedaya kalawau ndadosaken saya raketing tangsuling kekadangan antawisipun keluarga kekalih, ananging gandeng sakmeniko saking Mbak Desi tasih Proses Idah saking cerai hidup kaleh mantan suaminipun, biasanipun 3 bulan, teras niki pun tasih masa covid. Dados kanggeh mas Sihanto utawi saking Keluarga kedah sabar lan ikhlas.

Saha hambok bileh mangke sampun dumugi titiwancinipun saha sampun samapta ing samudayanipun,

                Dimas bagus.. (Sihanto) badhe kaijabpakaen saha kapanggihaken miturut satataning agami lan adat widi widana ing laladan ngriki .

Kanthi mekaten ugi ngaturi uninga mugi panjenengan sedaya kanthi suka lilaning penggalih hanjenengi saha paring pudyastuti murih rahayuning sedya.

Amung semanten atur panampi saking Bapak Subandi ingkang lumantar kula.

Menawi wonten kuciwaning tatakrami, anggenipun hanampi menggah ing karawuhan panjenengan sami, lumantar kula panjenenganipun Bapak Subandi sekeluarga nyuwun agunging pangapunten.

Semanten ugi kula pribadi minangka talanging atur hambok bileh wonten kiranging basa, sastra miwah tata krama, kupat janure klapa. Menawi lepat nyuwun pangaksama.

Wabilahi taufik wal hidayah, 

Wassalamu'alaikum Wr Wb.

Nuwun.

Wekdal kulo kundur aken dumateng pranata acara,

ATUR PANAMPI PASRAH CALON MANTEN KAKUNG (SEBELUM IJAB) BAHASA JAWA

 ATUR PANAMPI PASRAH CALON MANTEN KAKUNG (SEBELUM IJAB)


1. Kawula aturaken agenging panuwun dhumateng pranatacara ingkang kepareng paring wekdal dhumateng kawula.

Assalamu’alaikum Wr Wb

(ayat)

2. Mugi sih wilasa, kawilujengan tuwin karahayon tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sedaya saking Gusti Allah SWT, saha kepareng hangluberana dhumateng kawula.

3. Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa (ngadeg) hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan inggih awratipun amastuti jejibahan luhur, kula piniji minangka raga sulih salira talanging basa, kinen anampi atur pangandikan saking calon besan sutresna.

 4. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh, ingkang hanggung hamastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi tuwin kinabekten. Para tamu saking calon besan sutresna ingkang dhahat kinormatan. Mboten kesupen dumateng bp.........  Ingkang minangkani sulih salira saking calon kadang besan IBU SUPARTINI,  ingkang dhahat kinurmatan.  Para rawuh kakung sumawona putri ingkang winantu ing suka basuki.

5. calon besan sutresna hangaturaken salam taklim dhumateng Ibu NGATIRAH lumantar panjenengan wau, kawula tampi kanthi suka gembiraning manah saha dhawah sami-sami, kanti atur “Wa’alaikum Salam wr.wb”. Kosok wangsulipun sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsanipun kadang besan sutresna sakulawangsa kagem ingkang langkung sepuh tuwin salam taklim dhumateng ingkang saksami-sami saha langkung mudha.

6. Ing salajengipun saking badhe besan sutresna masrahaken calon penganten kakung, kula tampi kanthi bingahing manah, saha nyuwun kanikahaken kawula sagahi kanthi legawa. Ibu NGATIRAH sekeluarga sampun nggumathokaken wekdal, menawi mboten wonten alangan setunggal menapa kaangkah dinten meniko Kamis Pon, surya kaping 18 wulan Maaret 2021 tabuh 8 wonten ing Dalem mriki. Mila saking punika kawula nyuwun mugi calon kadang besan sakalawangsa kersa nderek hanyekseni tuwin paring donga pangestunipun, ugi dhumateng para rawuh kakung saha putri kersa paring donga pangestu, sahengga lampahing berkahan nikah sederek Calon Temanten kekalih mas bagus  IWAN YULIANA kaliyan Mbak Ayu FATIMAH tanpa alangan setunggal punapa saking purwa madya dumugi wusananipun.

 7.Rawuhipun kadang besan sutresna sakalawangsa masrahken calon penganten kakung sinartan paring sarana dalah upakarti minangka jangkeping tatacara salaki rabi. Wonten amplop minangka pambiyantu anggenipun mahargya calon pinanganten sekalian saking wiwit ngantos pungkas, mugi saestu hamberkahi. Wonten kalpika(ali-ali), pisang sanggan angsal-angsal iiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii

wosipun sedaya ingkang sampun kaparengaken kawula tampi kanthi suka bingahing manah.

8. Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala. Aamiin.

9. Pepuntoning atur kula ingkang minangka raga sulih salira talanging basa Ibu NGATIRAH sak keluarga nampi pasrah calon penganten kakung, mbok bilih wonten gonyakganyuking wicara, solah bawa ingkang singlar/benceng saking reh tata krami, mboten langkung matur kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun pangaksama, kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.

Akhirulkalam Assalamu'alaikum wr wb

10. Ing salajengipun wekdal kawula sumanggakaken maleh dumateng pranatacara. Nuwun.


PANAMPI PASRAH MANTEN KAKUNG BAR IJAB BAHASA JAWA

 PANAMPI PASRAH MANTEN KAKUNG BAR IJAB


 

 

PANAMPI MANTEN KAKUNG/ PUTRI

Assalamu'alaikum wr.wb.

( ayat )

Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi.

Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom .............................................  ingkang dhahat kinurmatan.

 Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun.

Para pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana.

Sumawana sedaya para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu.

Langkung-langkung panjenenganipun Bp .................(duta pasrah).............................................. ingkang minangka duta saraya pasrah temanten kakung/putri saking kadang besan ………………………………………………….. dalah para kadang pengombyong temanten saking …………………………………………………………… ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.

 Langkung rumiyin monggo kita ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, …………………

 Sholatulloh wasalamuhu……………………………

 Sedaya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka rahayu, kakung miwah putri.

Kula aminangkani BAPAK SANGADI (pemangkugati)............ keparenga tumanggap atur menggah atur pasrah panjenenganipun ...........(duta pasrah)............ ingkang sampun kepareng hamasrahaken putra temanten kakung/putri. Ingkang sepisan, atas nami BAPAK SANGADI (pemangkugati) .....sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh lan agunging panuwun ing sarawuh panjenengan sarombongan, para pengombyong temanten kakung/putri saking ………………………………………………………………...

  Mugi-mugi rawuh panjenengan punika dadosa lantaranipun tambahing pasedherekan antawisipun warga JETIS PENDOWOREJO ngriki kaliyan …………………………………………………………...

 Kaping kalihipun, menggah salam ………………………………… (besan)... kula tampi , lan sak kosok-wangsulipun salam taklim saking BAPAK SANGADI.(pemangkugati)........... katur dhumateng ………………………………………….(besan) dalah gotrah kulawarga.

Kula ikroraken kanthi atur “ 'Alaika wa'alaikum salam wr.wb.”

 

Salajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten kakung/putri ,

BAPAK SANGADI.(pemangkugati).........sakulawarga nampi kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning manah, sinartan nyuwun wewahing pangestu, mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados pasangan ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub rukun, atut runtut, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan ingkang soleh solihah, migunani dhateng sesami, migunani dhateng agami lan negari saha tansah manembah maring Gusti. .

Mekaten ugi sedaya Pisungsung/ Dhuwit, Ubo Rampe utawi Jajana Pasar dalasan tali asih ingkang mboten saget kulo sebataken setunggal boko setunggal ingkang sampun panjenengan paringaken kala wau dados tandha tetalining katresnan lan kekadangan ing antawisipun kulawarga BAPAK SANGADI kalian kulawarga …………………………………………………..(besan),

Mliginupun calon temanten kekalih.

 

Wondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga sami-sami sesarengan, menawi pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju wonten ………………………………………………………. inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang kados makaten. 

Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan, mawantu-wantu panyuwunipun BAPAK SANGADI.(pemangkugati)... gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika kanthi mardu mardikaning penggalih, saha menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun BAPAK SANGADI (pemangkugati) .... sakulawarga nampi rawuh panjenengan keparenga hangluberaken samodraning pangaksami. Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala. Aamiin.

 Ing wasana, kados kirang wicaksana menawi kula matur kathah-kathah, mbok bilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih samodra pangaksami.

 Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah. 

Wassalamu'alaikum wr.wb.

 

 

 


PAMBAGYO HARJO MANTEN KAKUNG/ PUTRI BAHASA JAWA

 PAMBAGYO HARJO MANTEN KAKUNG/ PUTRI


Assalamu alaikum wr.wb

(AYAT)

Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh, saha para ajisepuh ingkang tansah hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen.

Panjenenganipun para ‘Alim,’Ulama,ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah,

Panjenenganipun Almukarom Kyai Abdurrahman ingkang kito tenggo tenggo mauidloh Khasanahipun

Poro  pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana.

Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking (Sentolo) ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa.

 Shalawat soho salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu (Suyono) ingkang hamengku gati. Lajeng kawulo kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika.

Purwakaning atur, Bp/Ibu (Suyono)  soho kulowargo ngaturaken salam taklim Asalamu alaikum waroh matullahi wabarokatuh.

Bp/ibu (Suyono) ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Ing panginten, sedaya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang :

asesilih Rara Ayu (ESTRI BAGUS SETIYANI) atmojonipun bpk (SUYONO) engkang kadaup dening bagus (………………………) putra saliranipun Bpk (……………………………) ingkang pidalem wonten ing wewengkon SENTOLO.

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau/kalawingi ( enjing/sonten/dalu) : nuwun inggih dinten SENEN    nyarengi surya kaping 3 AGUSTUS 2020 titiwanci kirang langkung tabuh 09.00 kanthi satataning agami lan nagari, kanthi sineksen dening para sanak kadang. Minggahipun  para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing tlatah BALAK PENDOWOREJO kanthi manggih wilujeng mboten wonten alangan setunggal menapa.

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu SUYONO gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga ngriki,

ingkang sedaya kalawau tondhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu SUYONO mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau. Allahumma Aamiin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu SUYONO anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu SUYONO sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, ingkang samya mbangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sedaya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma Aamiin.

Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp SUYONO sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbok bilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya.

Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu SUYONO gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika.

Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, lan cupeting atur keparenga nyuwun gunging samudro pangaksami.

Wusoning atur

wassalamu’alaikum wr.wb.

PRANATACARA ING SRIPAH/ LELAYU/ LAYON BAHASA JAWA

 PRANATACARA ING SRIPAH/ LELAYU/ LAYON


ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB.

DOA

Kawilujengan, katentreman, mugi tansah kajiwo kasarira dumateng kulo dalasan panjenengan sedaya, awit keusaning Gusti Ingkang Maha Mirah soho Agung Alloh SWT, aamiin.

 Para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepoyaning kautaman ingkang satuhu pinundisoho kinabekten.

# Para pangemban-pangembating praja, satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawulo dasih linangkung kunjuk panjenenganipun Pj. Lurah pendoworejo soho sedaya Pamong kalurahan ipun ingkang pantes cinaosan sagunging pakurmatan.

Para pembela sungkawa kakung miwah putri ingkang mboten saget kaaturaken pusaka asmo tuwin kalenggahanipun ingkang pantes sinudarsana.

Madyaning panandhang ing ri kalenggahan punika kula cumantoko ngempil kamardikan panjenegan sedaya ingkang nembe (saweg) ambal pangandikan nun inggih awit mundhi dawuh saking panjenenganipun Ibu KOMIRAH, kulo kinen ndherekaken lampahing upacara bidhaling layon.

 

“INNALILLAHI WA INNA LILLAIHI RAJI’UN 3x"

 Sampun surut dhumateng kasedan jati suwargi  Almarhumah  SIMBAH URIP.  awit saking lantaran nandhang gerah sepuh sak wetawis wekdal, Ingkang punika sak sampunipun pangruktining layon sampun paripurna keparengipun kulawarga ingkang nandhang dhukita inggih panjenenganipun Ibu KOMIRAH soho sedaya Keluarga.  ing hari kalenggahan punika dipun wonteni tata upacara sawatawis ingkang sampun lumampah.

 Sakderengipun kula ngaturaken lekasing sedya, sumangga nun dhumateng para pambela sungkawa kakung putri tansah kula derekaken hangluhuraken asmaning Gusti ingkang Maha Kawasa, karana rohmat saha sih wilasanipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, saengga taksih saged ndherek bela sungkawa kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

  Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinubeng pakurmatan, wahyaning mangsa kala upacara hangkating layon kaleksanakaken, wondene reroncening adicara kados sampun karakit dening kulawarga, ingkang punika :

1.      Ingkang sepindhah pambuka

2.      Ingkang kaping kalih “Atur pambagyaharja saking para kulawarga ingkang sami nandang dhukita.  Atur pambagyaharja samangkih dipun wakili SAKING Bpk …………………... .

3.      Adicara kaping tiga “ inggih menika “Donga bidhaling layon ingkang samangkih dipun aturaken dening Bpk ………………

Adicara saklajengipun Tlusuban

4. Acara kaping sekawan “Paripurnaning upacara pratandha yekti bidhaling layon.

Para pambela sungkawa ingkang pantes kinurmatan, makaten reroncening adicara ingkang rinakit dening para kulawarga, nuwun.

 Kangge morwakani adicara ingkang sepindhah inggih punika pambuka sumangga kita miwiti kanthi maos basmalah ingkang angrasuk agami Islam, wondene ingkang anggadhahi kapitadosan sanes kawula sumanggakaken.

 BISMILLAHIRROHMANIRROHIM

  

Mugi-mugi kanthi waosan basmalah punika Gusti Allah paring rahmat lan adicara punika saget lumampah kanthi wilujeng purwa madya engga wusana.

 Saparipurnaning pambuka kalajengaken adicara atur pambagyaharja, para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan, nadyan panjenenganipun Ibu KOMIRAH ing wekdal punika raosing manah mboten saget ginambaraken ing mriki karana kawontenan ribet kaworan bebeg, parandene keparengipun sedya badhe matur wonten ngarsa panjenengan nun inggih atur pambagya yuwana miwah atur panuwun karana bebeging manah mboten kuwawa matur amung kandheg wonten ing madyaning jangga, pramila ingkang piniji minangka sulih salira mboten wonten malih kejawi panjenenganipun Bpk. …………….. ., Dhumateng Bpk. ………………… Wekdal kasumanggakaken.

 #############JEDA#############

 Katuraken agunging panuwun dumateng bapak ………………………….. ingkang sampun nyelirani/ hamakili pambagya harja saking keluarga panandhang.

  Acara salajengipun inggih meniko acara donga bidhaling layon  dipun salirani ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bpk …………………………….

 Para pambela sungkawa ingkang pantes sinudarsana acara donga menika samangkih dipun sarengaken kaliyan angkating layon ingkang badhe kalaksanakaken dening para kulawarga saha warga ingkang piniji hamanggul pethining layon kasuwun samekto ing gati.

 *Para kadhang muda tumaruna keparenga ngedalaken pethi layon saking dalem dhukita.

­­­#Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes tampi pakurmatan layon menika samangkih badhe kapethak saha kasarekaken wonten ing astana laya SENONGKO KEPEK PENDOWOREJO panyuwunipun para panandhang hambok bilih para pambela sungkawa mboten wonten pambengan kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon dumugi ing astana laya SENONGKO KEPEK PENDOWOREJO wondene wonten pakaryan ingkang wigati kulowarga panandhang hamung saged ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.

*Wondene kersane ingkang kagungan dalem ingkang nandang sungkawa khususipun Warga Dusun Balak soho sekitaripun suwuni bantuan maos kalimah puji lan dzikir Wiwit mangkeh ndalu dumugi  bibaripun.

   

Kulo piyambak minangka pranata adicara mbok bilih anggen kula ngaturaken urut reroncening adicara wonten kiranging trap sila, subasita miwah kiranging basa tuwin sastra karana budi dhayaning manungsa kirang sampurna kridhaning ati datan bisa mbedhah kuthaning pasti mawantu-wantu nyuwun lubering pangaksama.

 Ing wasana akhirul kalam billahi taufiq wal hidayah.

 Wassalamu’alaikum Wr Wb

 ################## JEDA ############

 Dhumateng Bpk …………………..ingkang piniji nyalirani donga bidhaling layon wekdal saha papan kula sumanggakaken sak cekapipun. Nuwun.

PAMBAGYIO HARJO ING SRIPAH/LELAYU/ LAYON BAHASA JAWA

 PAMBAGYIO HARJO ING SRIPAH


ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB.

Kawilujengan, katentreman, mugi tansah kajiwo kasarira dumateng kulo dalasan panjenengan sedaya, awit keusaning Gusti Ingkang Maha Mirah soho Agung Alloh SWT, aamiin.

 Para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepoyaning kautaman ingkang satuhu pinundisoho kinabekten.

 # Para pangemban-pangembating praja, satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawulo dasih linangkung kunjuk panjenenganipun Pj. Lurah pendoworejo soho sedaya pamong kalurahan ingkang pantes cinaosan sagunging pakurmatan.

 Para pembela sungkawa kakung miwah putri ingkang mboten saget kaaturaken pusaka asmo tuwin kalenggahanipun ingkang pantes sinudarsana.

Madyaning dhukita ing wekdal puniko kulo piniji dening kulawarga Ibu Suratmi sumrambah sedaya putra wayah supados ngaturaken pambagyaharja saha pamitan dumateng roh arwahipun alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   ingkang sampun sowan ing ngayunaning Pangeran.

Para pembela sungkawa ingkang kinurmatan , minangka purwakaning atur sumangga sesarengan munjukaken puja puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang maha kuwaos nun inggih Alloh SWT ingkang tansah paring karohmatan lan kanikmatan dumateng kulo dalasan panjenengan sedaya saengga ing ari klenggahan meniko taksih dipun kaparengaken nyawiji wonten papan meniko. Saperlu takziyah soho nelakaken raos belo sungkowo awit sampun kapundutipun almh. alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   kanthi manggih rahayu wilujeng nir ing sambikala.

Bapak ibu para pambela sungkawa ingkang winantu ing suka basuki, panjenenganipun Ibu Komirah,  sumrambah sedaya keluarga panandhang mbok bilih kepara radi randat hangambali matur sugeng rawuh miwah ngaturaken panuwun ing tanpa pepindan, menggah karawuhan panjenengan sedaya tandha yekti nedhahaken raos sih katresnan ingkang mboten ginambaraken ing mriki lan ugi saget paring panglipur sawetawis dumateng sedaya keluarga ingkang nembe nampi pacoban kapedotan katresnan ingkang sa lami – laminipun awit kapundhutipun alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi .

Wigatosing ganti ing madyaning dhukita wekdal punika, perlu kulo aturaken nadyan panjenengan sedaya sampun pikantuk kintaka layu miwah pawartos ingkang binandunging karna, parandene wekdal punika kulo aturaken wonten ngarsa panjenengan sedaya.

Caos uninga bilih alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   kapundhut wangsul sowan wonten ngarsanipun Alloh SWT nalika dinten meniko KAMIS PON   surya kaping  07  wulan  JANUARI   warsa  2021  wanci tabuh wau sonten jam 03.45 wib. Kanti lantaran gerah sepuh sawatawis wekdal wonten Ndalem.

Sedaya keluarga sampun mboten kirang-kirang angenipun mbudi daya kupiya usada ngantos kaliwat bebasan ateken janggut suku jaja,

# wonten saking keluarga panandang nggih gadah nadzar mbok bilih Bp. Darmo Sugito pas sugengipun saget kaparingan Dangan badhe ………………saking Ibu Suratmi

ewa semanten alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   mboten saget pinaringan waluya jati, jati temahaning waluyu sedaya wirodat mboten kuwawi ngungkuli panguwaosing kodrat, manungsa namung saget  damel pestha pesthi wonten ngarsanipun, pramila kanthi atur makaten 

# mugi mugi ingkang dados nadzar saget lebar luwar wonten wekdal meniko soho 

sedaya keluarga namung saget pasrah saha nampi pacoban meniko kanthi atur “innalillahi wainna ilaihi roji’un” sedaya ingkang tumitah wonten ing alam praja punika saking kuwaosipun Gusti ALLOH SWT lan temtu badhe kondor ugi wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Bapak ibu para pambela sungkawa ingkang kinurmatan , dumugi tinimbalanipun alm, bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   kaparingan yuswa 80  th, kanthi anilaraken garwo,   putra 5  kakung 3 putri 2 (wayah …………..   buyut.......). 80 th laminipun alm.  Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   sesrawungan  bebrayan wonten madyaning masyarakat, hambok bilih srawungipun limrah saha sae ananging alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   namung jalmi limrah titah sawantah ingkang mboten saget tebih saha uwal saking dasa lan kalepatan dumateng sasami-sami, ingkang menika gegandhengan sampun wangsul sowan ing pangayunanning pangeran ing wekdal menika kasuwunaken pamit saha nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kalepatan nalika srawung wonten ing alam praja menika. Saengga pangapunten panjenenganipun sedaya saget angenteng enthengaken pisowanipun, saengga kaparingan lepas paranipun jembar kuburipun Insya Alloh mugi sedha kanthi khusnul khotimah. Aamiin.

Lan mbok bilih kosok wangsulipun para pambela sungkawa ugi kagungan kalepatan dumateng alm.  Mugi-mugi ing wekdal menika saget lebur kanthi keparengipun ALLOH SWT.

Bapak ibu pambela sungkawa ingkang minulyo, mbok bilih rikola sugengipun alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi   anggadahi sambut kapi samput hak adam ingkang mboten kepareng saraking agami dumateng para pambela sungkawa, mbok bilih sampun kepareng angeklasaken sedaya ahli waris ngaturaken agunging panuwun, ananging manawi dereng wonten kepareng iklasaken , kasuwun enggal sesambetan kaliyan keluarga saha ahli waris saperlu badhe enggal-enggal dipun rampungaken.

Perlu kauningana bilih alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi  badhe kasarekaken ing makam senongko  wonten ing padukuhan  kepek , pendoworejo, ingkang tebihipun saking papan menika kirang langkung 300  meter. Ingkang menika menawi wonten keparingipun dumateng bapak ibu para pambela sungkawa kersa anyampurnaaken angenipun takziah dumugi ing makam, ananging mbok bilik kapambeng kawigatosan sanes ingkang mboten saget tinilar lan ngersakaken kondhur saking keluarga namung ngaturaken agunging panuwun mbok bilih badhe kondhur ndherekaken sugeng tindak sugeng kondhur rahayu ingkang sami pinanggih.

Bapak ibu para pambela sungkawa ingkang minantu ing suka basuki panjenenganipun Ibu Suratmi lan ugi sedaya keluarga ngaturaken agunging panuwun dumateng para sanak kadang, tonggo tepaleh, mitra karuh, mitra pitepangan linangkung para pambela sungkawa ingkang sampun paring pambiyantu ingkang arupi suku, bahu, bondho prabeyo, iguh partikel lan panggalihan saengga saget damel rancaking pangruktining laya. Saestu sadaya keluarga panandhang mboten saget caos piwales menopo – nopo dumateng panjenengan sedaya, namung ndedepi nyuwun wonten ngarsanipun Alloh SWT mugi-mugi sedaya dados amal kesahenan panjenengan sedaya lan mugi pikanthok ganjaran ingkang ma tumpo tumpo.

Salajengipun awit kapurba saking kawontenan saking sedaya keluarga panandhang. Salebetipun nampi rawuh panjenengan sedaya angenipun caos papan palenggahan lan ugi samudayanipun kirang gupuh kirang jumbuh kalian kalenggahan panjenengan sedaya awit sedaya kekirangan lan kalepatan sedaya keluarga namung nyadong dheduka nyuwun agunging samudra pangaksami.

 Para takziah kakung putri ingkang kinurmatan awit nami saking pemerintah Kalurahan pendoworejo lan ugi sedaya lembaga Kalurahan pendoworejo ngaturaken ndherek bela sungkawa ingkang salebet-lebetipun, mugi-mugi roh arwahipun alm. Bapak Darmo Sugito/ Darmo Bardi  tinampi wonten ngarsanipun Alloh SWT, dipun apunten sedaya dosa lan kalepatanipun tinampi sedaya amal kesaenanipun mugi-mugi kaparingan papan ingkang langkung prayogi tinimbang rikola sugengipun, mugi-mugi sedaya keluarga ingkang tinilar tansah kaparingan katabahan lan kekiyatan.

 # Wondene kersane ingkang kagungan dalem ingkang nandang sungkawa para takziah  pun suwuni bantuan maos kalimah puji lan dzikir Wiwit mangkeh ndalu dumugi 7 dinten ipun

 

 Mekaten ingkang dados aturipun Ibu Suratmi  ingkang lumantaran kulo, lan mbok bilih angen kulo matur wonten ngarsanipun bapak ibu para pambela sungkawa kirang nuju prana kapara damel sengkel saha runtiking penggalih kulo tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.

 

Minangka panutuping atur

Bilahittaufiq wal hidayah

WASSALAMU’ALAIKUM WR. WB.


PASRAH TEMANTEN PUTRI PADA ACARA NGUNDUH MANTU BAHASA JAWA

 PASRAH TEMANTEN PUTRI PADA ACARA NGUNDUH MANTU


( ayat )

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para sesepuh, para pinisepuh, saha para ajisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen.

Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang kula mulyaaken.

Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang mboten saged kula sebat asma setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun.

Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sumawana sanggyaning para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.

 Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa.

Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

 Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung sumawana putri. Minangkani sedaya kulawarga saking .......(BALAK PENDOWOREJO)............ , keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga,

Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......( BALAK PENDOWOREJO)............ sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi.

 Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklim lan salam takzhim katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “Assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, minangkani kulawarga ageng saking .......( BALAK PENDOWOREJO)............ ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........ sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu syukur alhamdulillah saha agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang dhahat kinurmatan, minangkani kulawarga ageng saking .......( BALAK PENDOWOREJO)............, keparenga kula hamasrahaken temanten kekalih, nuwun inggih Mas Bagus .......(jeneng nganten kakung)......... kaliyan anak/ adhi kula nuwun inggih .........(ESTRI AGUS SETIYANI)........... ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben dening Bp Petugas Pencatat Nikah Kapanewon GIRIMULYO., nuwun inggih dinten SENEN., surya kaping 3 AGUSTUS 2020, wonten ing BALAK.

Ingkang menika, kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, penganten kekalih ingkang sampun sah menggah satataning agami lan negari menika, mugi kepareng katampi,  kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga anak/adhi kula pun ....(ESTRI AGUS SETIYANI).... menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para sesepuh, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti.

Ugi mboten kesupen, kula pasrahaken putra-putra temanten menika wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Sanggya adilenggah, kakung sumawana putri ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, pramila kula cekapaken semanten kemawon pamatur kula. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Ing wasana, mbokbilih wonten kalepatan, kekirangan, saha kiranging trapsila anggen kula matur, menapadene sowan kula sarombongan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.

Wassalamu'alaikum wr.wb.

PRANATACARA NGUNDUH MANTU RINGKAS BAHASA JAWA

 PRANATACARA NGUNDUH MANTU RINGKAS


Assalamu alaikum wr. wb.

DOA

Para sesepuh  dalah pinisepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur luhur, soho ingkang dhahat kinabekten;

 Poro pangemban pangembating projo dalah satriyaning nagari  , minongko pandam, pandom, keblat, sarto panutaning  poro kawulo dasih,  ingkang satuhu tinulat sinudarsono;

 Dhumateng panjenenganipun Bapak/ibu Besan, nuwun inggih Bp. ARIFIN soho dhumateng pengiring manten kakung miwah putri ingkang winantun ing pakurmatan;

 Sagung para rawuh kakung sumawana putri, ingkang tansah  kaluberan robing samudro yuwono basuki saha ingkang tansah tinangsulan talining pasedherekan;


Langkung rumiyin  sumonggo , tansah ngandhap ngasoraken manah tumuju keblating panembah, kanthi ngunjukaken pujo hastowo – tuwin puji hastuti, puji syukur  konjuk wonten ngarsanipun  Gusti ingkang maha Agung – ingkang sampun hambabar sakathahing karohmatan, kaberkahan, taufik, hidayah, sarto inayahipun ingkang hamawurahan, satemah ing titi wanci dinten puniko - kito saget pepanggihan, nunggil papan, nunggil swasono , nunggil sedyo, lan nunggil karso, kanthi winantu ing kawilujengan, bagas kuwarasan tuwin  karahayon kalis saking sambikolo , lan  uwal saking rubedo,  AAMIIN.

 Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala sayidina Muhammad dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito antu – antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo ngadek wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ENDRO SETIAWAN bin BP SUWARJO kalian Raden ajeng Roro INTAN FINNA PUSPITASARI  binti  BP ARIFIN


Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

 

  1. Adicoro Pambuka
  2. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
  3. Istirahat
  4. Penutup

-------------------------------------------------

  1. Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah--------

 Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.

 2. Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih,

    1. nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah putro temanten, dumateng duto sarono pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.

                  Dumateng panjenengan ipun kaaturaken agunging panuwun


(Shohibul Bait)

b.      Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak SUWARJO bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak DWIYATNO kaaturaken.

 3. Paripurnaning pasrah penampining putro temanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko istirahat.

 Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.

Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten.


 4. Candak adicoro selajengipun inggih puniko PANUTUP,

Ananging sak derengipun adicara kito tutup, kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereaken lampahing roncening adicoro wiwit awal dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering  sih samudra pangaksami.

 

Akhirul kalam

 

Wassaalamu alaikum Wr. Wb