Tuesday, September 7, 2021

SAMBUTAN NDODOK LAWANG LAMARAN/ NEMBUNG PIHAK PUTRI BAHASA JAWA

 SAMBUTAN NDODOK LAWANG LAMARAN/ NEMBUNG 

BAHASA JAWA (M.ARIFIN)


Assalamu ‘alaykum wr.wb.

DOA

Wonten ngarsanipun para sesepuh, pinisepuh, ajisepuh  utawi ingkang disepuhaken sedaya, ingkang dahat kinabekten,

Para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan

Bapak SAWIDI Ibu SUKIYEM dalasan ibu, ingkang minulyo

Monggo langkung rumiyin kito ngunjukaken raos puji…………

Sholawatulloh wa…………

Keparenga kula kumowantun matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, minangka sulih aturipun Ibu SURATMI sakulawarga, ingkang pidalem wonten ing Padukuhan Balak, Kalurahan Pendoworejo, Kapanewon Girimulyo,

Sakderengipun, nepangaken Nami kula Pak Arifin, ingkang wonten sisih tengen kula punika Bapak/Ibu ……………………… dene ingkang sisih kiwo kula punika Bapak/Ibu ……………………….

Ingkang sepisan, Ibu SURATMI sakulawarga ing wekdal meniko Silaturahim rangketaken pesedherekan soho ngaturaken salam taklim kanthi atur :

 “Assalamu ‘alaykum wr.wb”, katur keluarga besar Bapak SAWIDI Ibu SUKIYEM  sinartan atur panuwun ingkang tanpa upami, dene sowan kula sakrombongan sampun katampi kanthi sae lan kanthi renaning penggalih.

Kaping kalihipun, netepi jejegipun tiang sepuh, Ibu SURATMI ingkang peputra Dhimas SURANTO,  dipun sambati dening putranipun, dene anggenipun srawung kekancan kalian Nimas ATMA JATI TRIHARJIYANI putra putrinipun Bp SAWIDI, tambah raket, nuwuhaken raos tresna ingkang tan kena pinisah. Golonging tekad, Dhimas SURANTO nedyo ngajak bebrayan wontening ikatan perkawinan ingkang suci. Kanthi menika, IBU SURATMI sakulawarga sowan wonten ngarsanipun kulawarga Bp SAWIDI meniko, mbok bilih Nimas ATMA JATI TRIHARJIYANI   dereng wonten ingkang ngresakaken, pramilo mbok bilih meniko wonten rinaning penggalih, lan mbok bilih BP. IBU sami sarujuk, punapa dene sampun tinakdir dening Gusti Alloh SWT dados jodhonipun, kulo minangkani Ibu SURATMI badhe ngresakaken Nimas ATMA JATI TRIHARJIYANI  kito suwun dados putra.

            Kadose namung mekaten maksud atur kulo ingkang BAKU kulo sakkeluarga rawuh silaturahim wonten dalemipun BP. SAWIDI IBU SUKIYEM meniko.

Ing wasana, Panyuwunipun IBU SURATMI kala wau, mugi keparenga panjenengan tumunten paring wangsulan utawi ananggapi sarta angimbangi anggenipun sumedya badhe bebesanan.

Makaten ingkang dados atur kula. Mbok bilih wonten klenta klentu ipun atur kula ingkang mboten ndadosaken serjuning penggalih, saestu kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.

Wabilahitaufiq walhidayah, Wass….-

Matur ingkang kaping kalehipun, kito aturaken matur suwun atas wangsulan utawi Tanggapanipun, mugi mugi niat sae kita meniko dijabah dilancaraken dening Gusti Ingkang Maha Agung Alloh SWT, Aamiin.

Lan mbok bilih acara meniko sampun paripurna kulo sakromobongan badhe nyuwun pamit, mugi mugi kulo sakrombongan budal saking mriki dumugi papan pendoworejo kanti lancar mboten manggihi alangan setunggal punopo , AamiiN

No comments:

Post a Comment